|
Article in other languages:
|
Basa Rusia (русский язык /'ruski ja'zik/) kuwi basa Slavik sing paling akèh dipituturaké. Basa Rusia klebu klompok basa-basa Slavik rumpun basa Indo-Eropa, lan duwé kerabat antara liya karo basa Sangskreta, Yunani, lan Latin. Jroning rumpun basa Slavik, basa Rusia paling cedhak karo karo basa-basa Slavik Wétan, yaiku Basa Belarus lan Basa Ukraina. Kayadéné kaloro basa pungkasan iku, basa Rusia migunakaké abjad Sirilik sing dumadi saka 33 aksara sing diciptakaké déning loro tokoh Slavik yakuwi Kirill (Cyril) lan Methodius (abad IX-X) adhedhasar abjad Yunani. Salah siji basa resmi PBB. Dipigunakaké minangka basa perantara (lingua franca) ing republik-republik tilas Uni Soviet. Cacahé penutur basa Rusia kuwi luwih saka 250 yuta (1990). Basa Rusia uga sugih karya sastra.
Basa resmiBasa Rusia minangka basa resmi kanggo Rusia. Basa Rusia uga minangka basa resmi ing Kazakhstan, Kirgistan lan Belarusia, lan minangka basa resmi de-facto ing Abkhazia lan Ossetia Kidul. 97% sekolah ing Rusia ,75% ing Belarusia ,41% ing Kazakhstan, 25% ing Ukraina, 23% ing Kirgistan, 21% ing Moldaviaa, 7% ing Azerbaijan, 5% ing Georgia lan 2% ing Armenia lan Tajikistan nganggo basa Rusia minangka basa ing sekolah. Sistem panulisanAbjadAbjad Rusia asalé saka abjad Sirilik sing dimodifikasi. Abjad Rusia cacahé ana 33 aksara. Tabel ing ngisor arupa abjad lan cara pangucapané.
ReferensiDelengen ugaPranala jabaPirsani informasi ngenani Basa Rusia ing KamusWiki.
Questions for article: |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.
IHS Europe: Infrared Heating Systems for Home and Business.