Kapuloan Solomon kuwi sawijining negarakapuloan ing Samudra Pasifik bagéyan kidul kang dumunung ing sisih wétané Papua Nugini lan minangka bagéyan saka Persemakmuran. Negara iki dumadi saka 992 pulo kang sakabèhané awujud wilayah kang ambané 28.450 km².
Negara iki ditemokaké sapisanan déning Pedro Sarmiento de Gamboa taun 1568. Rong atus tau lawasé kapuloan iki ora tau ditekani nganti dikuwasani lan diparebutaké bangsa déning Eropah. Taun 1886, Britania Raya lan Jerman ngedum pulo-pulo mau kanggo awaké dhéwé. Tentara Australia nuli ganti nguwasani bagéyan kang dikuwasani Jerman nganti taun 1920. Jepang nguwasani wilayah iki antara taun 1942 lan 1943 sadurungé péhak Sekutu ngrebut saka tangané.